Mestinya bahasa jawa tetap dilestarikan. Kali ini saya menulis beberapa geguritan yang diciptakan oleh seniman bahasa jawa .
Pahlawanku
(R.
Tantiningsih)
Wutahing
ludirmu
Nyiram
ibu pertiwi
Nadyan
sang ibu
Kudu
muwun sedhih
Karajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya
Gusti paring nugraha
Semana
gedhene bektimu
Jiwa
raga, bandha donya
Tanpa
sisa
Amung
siji pangajabmu
Merdika
==============================
Segara
Ayu
(Hisyam
Z)
Bener,
pener, yekti
Sliramu
dadi seksi
Seksi
pahlawan sejati
Pahlawan
mulih aran awit bekti
Awit
mangku jejibahan
Tugas
luhur, jujur ing palagan
Ngemban
amanat Trikora ayahan
Segara
Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu
madu
Maduning
bangsa satuhu
Kang
Asma Yos Sudarso iku
Korban
jiwa raga ing Segara Aru
Ludira
kang wekasan
Kanggo
nebus Irian
Yos
Sudarso gugur kalayan
Asmanya
misuwur ing bebrayan
Sliramu
Aru
Seksi
lugu
Seksi
bisu
Satuhu
baku
======================
Merapi
(Puthu
Aryana)
Merapi...
Saka
kadohan katon gagah
Asep
putih ndedel ing awiyat
Tilas
dalan lahar katon cetha
Kena
sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama
kowe bisa crita
Kabeh
kadadean ing tanah Jawa
Wiwit
jaman Mataram Kuna
Nganti
madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu
anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit
nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman
mardika jaman Soekarno
Nganti
jaman Soeharto
Jaman
Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi
dadi saksi
==========================
Kembang
Mlathi
(R.
Widiyati)
Daksebar
kembang mlathi
Ing
Taman Makam Pahlawan
Kusuma
Bangsa kang sejati
Luhku
tumetes... tes... netesi bumi
Aku
rumangsa dosa
Durung
bisa melu labuh negara
Amung
sekar mlathi iki
Tandha
setya lan janji
Bakal
melu napak suci
Labuh
nagri alelandhesan ati suci
Dadi
pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
==============================
Api
Abadi Mrapen
(R.
Tantiningsih)
Latu
kuwi, tansah murub
Ora
nggubris kiwa tengene
Nadyan
digrujug tirta
Nadyan
maruta padha teka
Nanging
latu kuwi ora surut
Latu
kuwi, tansah murub
Kaya
latu kang ana jero ati
Angel
dipateni lan angel diadhemake
Latu
kuwi, tansah murub
Ing
mrapen dununge
Ninggal
sejarah
Kanggo
anak putu
=================================
Kitir
(Sumono
Sandy Asmon)
Kitir
iki
Isi
panantangku marang wengi
Sing
kebacut anggone nguja sepi
Dolanan
swarane asu baung nggeririsi
Kitir
iki
Wujud
pangundhamanaku marang awang-awang
Sing
kebacut brangasan
Ngrentengi
lintang, nguntal rembulan
Kitir
iki
Srana
gugatku marang isen-isening jagad
Sing
pijer royokan brekat
Tan
keguh njaluk ruwat
================================
Koran
(Harum
Sunya Iswara)
Taktunggu
tekamu
Saben
dina ing omahku
Kabar
kang daktunggu
Saka
awakmu
Nambahi
wawasanku
Mosak-masike
donya
Maju
mundure negara
Minangka
warta
Koran
minangka alat komunikasi
Kang
kudu diwerdi
Mula
ora ketinggalan informasi
=====================================
Wutah
Getihku
(Mahardono
Wuryantoro)
Gumelar
jembar bumi asri
Sumunar
sumringah sunare bagaskara
Padhang
sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi
pusaka wus kawentar
Ombak-ombak
samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah
getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub
rukun anambut kardi
Jeroning
swasana tentrem lan mardika
Gilig
ing tekad manunggal
Cumithak
jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku
lila....
Korban
jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan
awak ajur dadi sawur
Lan
getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet
raharjaning nagara
Lumantar
iki....
Isining
atiku ginurit
Prasetyaku
thukul saka ati kang tulus
Njaga
langgenging kamardikan
Donga
pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
======================
Lindhu
Lara
ati nemu plataran kabar winedhar
Embuh
endi sing marahi lara tanpa tamba
Dene
batin isih adreng ngawruhi
Dene
urip kepengin ngemonah pikir
layak-layak
dene gegambaran sing den-ukir
Mujudake
sesanggeman saka wirayat gumingsir
Lindhu
netepake gumingsire urip
Iya
sadawane nalar, iya sandhuwuring gelar
Natkala
sampeyan crita prakara jamang kethiwar
Dene
kraton tinilar putra-putrine sing tumabirang
Kari
siji geganthan sing singgih
Kaya
krikil emas isih sumebar neng taman garing
Iku
lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, ireng
Tegal
lelateng jrone pararaton muni
Gelung-tekuk
wis wudhar, pinjung kemben linukar
Serat-serat
kuna pecah dluwange : kraton bedhah
Ambane
pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!
O,
lindhu ing sukma suwung
O,
lindhu kang ngrucat sakabehing pulung
Ing
kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!
================================
SEPI
iki
sepine sopo?
kathik
ono sepi sepo....
langit
peteng kagubeng dening mendung....
tanpa
angin tanpa wicara...
tanpa
lagon tanpa gending...
yen
sliramu isih rumongso tresno
gunemu
bakal dak anti...
nadyan
getir rasaning ati....
sepi....
iki
sepine sopo
kathik
ono sepi sepo...
===============================
Pamulangan
Jare
simbah aku kudu sekolah
Kareben
dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare
rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben
dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare
bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah
ilmu
Kareben
kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca,
….
coba
delengen kahanan nyata
apa
isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan
kang tanpa tuladha
pamulangan
kang kasatan piwulang
pamulangan
kang ngajarake angka-angka wuta
siji
lan siji ana pira?
Jare
anut kang duwe kersa
Jan
ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali
dosa…
kabeh
lurung binarung kumalungkung
pamrih
pamuji siji
Pamulangan
ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun
pangapunten
Kula
mboten kepingin dados dokter
Jalaran
duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong
duka
Kulo
mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran
ajrih sumpahing rakyat
Kang
panggah mlarat sekarat
Bapak
ibu guru,
Nyuwun
donga pangestu
Mugi-mugi
sedaya ilmu saged dados sangu
=================================
Udan
Wayah Sore
udan
riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora
kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya
ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk
esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan
manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak
tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak
kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa
sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake
gawe kekesing ati
manuk
kepodang wus mabur mangulon
nanging
tetep tak tunggu tekamu
=====================
JAMAN
KOMPUTER
jamane
wis sarwa komputer
akeh
wong padha keblinger
rodha
becakmu tetep munyer
sarapan
sega pecel
jamana
wis sarwa mal plaza
uripmu
panggah nguler kembang
gethuk
tela pendhak rina
jamane
wis sarwa supermarket
ing
desamu pasar pendhak kliwon
dol
tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek
bati sarepis adus kringet
jamane
wis sarwa satelit
pacul
arit panggah nggegurit
nggo
ngrabuki jagad alit
jamane
wis sarwa edan
lanang
ilang jalere
wadon
ilang wanitane
=====================================
Dalan
Ombak
Wus
dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan
dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya
prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya
lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu
uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali
ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan
penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane
surya mencorong, pratanda dina wus rina
==================================
AMBEGAN
SEGA KULUBAN
Ambengan
sega kuluban dieler ing tampah
diladekake
ing pasamunan
direncah
bebarengan, kroyokan, rebutan
ambengan
sega kuluban
oora
ana sing ngerti duweke sapa
kejaba
dadi pangane wayang , para dhalang
sing
lagi lungguh methingkring
(kidang
lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)
ambengan
sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung
kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur
kanggoo bal-balan para buta!
=============================
Kembang
Wengi s Kembang Bangah
Sliramu
kuwi pancen ayu enom tur endah
Senengmu
ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman,
ayumu kuwi kena tinuku murah
Ing
atising wengi sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen
abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok
gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh
angga liniron redana sliramu pasrah
Mustika
aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah
Ing
buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…
He
kembang bangah, pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu
sing nistha kuwi uwisana
Galo
isih akeh pakaryan sing utama, golekana
Apa
kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya
Gumedher
umyung gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu
kuwi sing dadi ngrembakaning kruma
Virus
AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada
Uga
sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa
Yen
wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga
Oh
esemmu sayah… eseme si kembang bangah
============================
Wayah
Magrib
Wancine
wis repet-repet peteng
Sang
surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin
sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh
kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane
bocah rame dolanan tan keprungu maneh
Mbarengi
swara bedhug masjid tengara mahgriban
Ujug-ujug
ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener
nyang omahe bu bidhan
Jarene
semahe arep babaran
Temenan
ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin…
negarane tambah jiwa siji
Tegese
kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene
iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit
saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine
maneh ing piyandele
Ing
tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug
Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat
lanang wadon tuwa enom
Padha
sujud sangandhape pepadane Gusti
Bubar
Mahgrib kendhuren-manten
Dening
Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam
ing batin sataun kepungkur
Jejere
bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang
kakudang-kudang ing tembene
Dadiya
tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged
mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh
Dumadakan
keprungu swara tangise jejeritan
Mbah
Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan
ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna
Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia
ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone
jantraning Bawana
Manungsa
nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing
wayah Mahgrib
Ana
kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana
kang lagi palakrama
Ana
uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin
=======================
SEDYAKU
Wis,
Jeng…
Aku
sumeleh
nyelehake
pangarep-arepku
marang
katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen
nyatane amung semene
cunthele
lelakonku…
Pepenginku
tansah sumandhing
lan
nresnani sliramu
kudu
dakprunggel
sing
luwih wigati, Jeng
donga
lan pengestumu wae
tansah
mili kanggo aku
Wis,
Jeng
aku
pamit
becik
njembarake pikir
nggayuh
kabegjan
mring
ati lan katresnan satuhu
tan
ora binagi ing liyan
sempurna
ing guritan siji…
======================
CRITA
SAKA MANCA
ing
papan sarwa salju, aku
ngangen-angen
lawang gubug binuka
ana
bedhiyang lan lincak
nanging
wis kebacut dadi salju
guritan
apadene kekarepan
nglinthing
bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem
dom periih
sadawane
wengi
kangmangka
ing ngisor salju pinendhem candhi
sing
durung kober kababar unine prasasti
=========================
BABAD
WEDHI PESISIR
Sorene
sore jingga
wengine
wengi biru
kembang
pandhan mesem marang mbulan
tangane
ngawe-awe sajak kemayu
apa
hiya iki dayane layang atimu
sing
jare bakal ditulis kalane ijen
lan
sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing
wengi iki isih panggah binuka?
biyen
aku nate apal gojegmu
kepiye
nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing
lemah suwung pinggire taman
ora
ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana
wingkis sakehing kekarepan
nutup
kudhuping kekembangan
iki
babad wedhi pasir
pinaes
ganda aruming mawar
rarasing
riris dhadha kumesar
====================
LINTANG-LINTANG
lintang-lintang
abyor ing tawang
cumlorot
sliweran nalika alihan
kumleyang
mencok ing socamu asihku
cahyane
gumebyar sunare gilar-gilar
ing
telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang
alihan
cumlorot
telu ana pundhakku
kawitan
lintang abang lintang perang
kapindho
lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan
lintang kumukus lintang kadurakan
=========================
WAYAH
ESUK PEDUT ANGENDANU
rong
puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase
ora nate ketemu
saliramu
lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning
wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus
aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus
pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing
dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana
cerita rinajut endah
dik,
kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana
ana nduwur kae
ana
teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan
lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki
aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen
kangenmu ana impen
=======================
RON
GARING
Wengi
sansaya atis
nalika
aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang
digawa dening angin
prasasat
tan kendhat
anggonku
kulak warta adol prungu
ananging
isih mamring
aku
wis pingin cecaketan
obormu
kang makantar-kantar
madhangi
jangkah lan jagatku
ana
ngendi papanmu
lelana
tapa brata
tanpa
pawarta tanpa swara
aku
kadya ron garing
kumleyang
kabur kanginan
ing
jagat peteng lelimengan
krasa
luwih abot
anggonku
ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku
ora mantep
kagubet
ribet lan ruwet
adoh
saka cahyamu
pedhut
ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku,
sihku, oborku
kancanana
sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang:
Budhi setyawan
=========================
Rerenteng
Aluring Pepundhen
Sunare
srengenge esuk ngusap praupane bumi rengka
Tlatah
kapang kang gumawang ing pangangen sepi
Nyawuk
bumi-bumi esuk tengahing lembayung labuh
Kumriciking
banyu kali Grindulu kang ngranuhi
Dadi
tlatah srumbung isih tinunggon pangarep-arep
Wijiling
paseksen kang ngantu-antu kaendahan
Ing
netra bening esem ngandhut panyuwun
Sedya
nuntumake kasetyan kang pinarsudi
Mung
eman sasuwenbe sesandhingan tan linair
Kang
sinartan lungiting pangarep-arep
Obahing
jantra ginawa angin ngulandara
Pangesthine
ana pawitan ngupakara dalan lawas
Engga
alam ngrayuk sunar srengenge esuk
Pecak
jumangkah ngitapak.e rasa rudatin
Kang
gimantha amung mekaring panggarjita
Ing
kana bakal cinathet ubeng ingering lalakon
==========================
Suwung
Manuk
emprit ilang swiwine
hamung
menclok dhuwur wuwung
kang
suwung
walang
kayu jempalitan
ngerik
ora karuwan
sajak
ngece, sajak ngundhamana
“
sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi
panjangka, ilang dirgantara “
manuk
emprit hamung meneng
klep
! klakep ........ ati nangis wutah miris
eluh
kececeran nangis sesenggukan
nek
emprit kelangan swiwi
ora
isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane
hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni
izrail,
sing
bisa wae awujud tikus, apa kucing .......
walang
kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak
ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi
panjangka, ilang dirgantara “
======================
Ing
Teluk Pang-Pang
Nawala
ing dak tampa
Patang
dina kepungkur
Isih
wutuh tansah dak waca
Hanggawa
rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu
Ngepasi
kartika ngancik patbelas dina
Silramu
tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene
Rasaku
wis memet
Nggremet-nggremet
Teka
ing pikir kang amet
Tansah
nunggu
Sliramu
bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok
menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo
rasa ing pangrasaku,
Mula,
jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak
Sing
tansah setya tuhu marang mangsa
Sing
sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
Hamung
siji panyuwunku
Muga
sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan
pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk
tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
======================
Cyberpunk
Ing
grumbulan pring
Guritku
netes
Dadi
prenjak kang silih semaur
Mawerna
rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing
lan tilas sejarah
Guritku
.....
Nalika
april nyedhak sumur
Nimba
ayang-ayang lan ilmu
Gunung
mungkur, genah lungkah panyawangmu
Aja
ninggal pitakonmu ing lawang
Awit
Jibril wis budhal
Awit
gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir
=========================
Janji
Sepi
dawane
rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat
isih dawa janjimu
kang
nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup
ing balung sungsum
angin
melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu
yen lagi nyawang jagad
agawe
donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora
kuwat nyangga bumi
ora
kuwat ngreksa budi
angin
isih nggoleki aburing kupu
mangsa
rendheng udane nggrejih
nanging
kali durung akeh banyune
rasa
aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki
guwa pertapan asri
kekidungan
dhewe tan kena dipenggak
kadya
lali purwa duksina
angin
njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
======================
Bethara
Kala
dening:
Sunardi K S
kama
kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki
ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk
uluk jroning dadha winga winga
tanpa
suwara
kang
katon wicaksana kae jalaran
kokruket
pinangka kanca
kang
pinilih pinercaya
ngembani
panguwasa
wisa
rasa gula
kama
kang nglambrang saparan paran
dadi
memala nuwuhake pageblug
ndedel
mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan
sirah
mlebu
metu mripat, irung saha kuping
ngawe
awe nglancipake kuku
kama
kang nglambrang saparan paran
ndedel
dadi bethara kala
ang
dadi memangsane
ora
ateges diklethak saraga balunge
=======================
Mamring
dening:
Budhi S
sepi
mamring
sempah
sumpeg peteng
kesel,
ah embuh
ora
weruh ngerti bisu
nangis
sajroning ngguyu
ngguyu
sajroning nangis
mlaku
sajroning mandheg
mandheg
sajroning mlaku
====================
No comments:
Post a Comment